Soal UAS Bahasa Jawa Kelas 3 (Tiga) SD Semester 1 ( Ganjil ) Dan Kunci Jawaban

A. WENEHANA TaNDHA PING ( X ) AKSARA A, B, C UTAWA D SANGAREPE PRATELAN SING BENER!

1. Wongs sing gelem omong apa anane diarani ....
a. Jujur
b. Gemi
c. Grapyak
d. Loma

2. Bayu : ” ..... ”
Riko : “Amarga ing lapangan iku amba lan ora ana montor!”
Pitakon kang bener kanggo njangkepi pachelaton ing dhuwur yaiku ....
a. Sapa sing dolanan ing lapangan?
b. Kenapa lapangane dadi amba?
c. Kenapa bocah-bocah seneng bal-balan ana ing lapangan?
d. Kepriyen bentuke lapangane saiki?

3. Ibu tuku roti
tembung ing dhuwur iku yen didadeke basa krama alus dadi ...
a. Ibu dahar roti
b. Ibu tumbas roti
c. Ibu tindak roti  
d. Ibu madhang roti

4. Pak guru nulis ing blabak nganggo ....
a. Busak
b. Kreweng
c. Kapur
d. Kayu

5. Afandi wingi dadi juara kelas amarga wonge kui .... sinau.
a. Kesed
b. Grapyak
c. Geting
d. Sregep

6. Panggonan kanggo dol tinuku iku diarani ....
a. Puskesmas
b. Sawah
c. Terminal
d. Pasar

7.  Yen kerja kudu sregep ben uripe ora nelangsa
Tembung nelangsa tegese yaiku ....
a. Bungah
b. Cukup
c. Mrarat
d. Susah

8. Rani wetenge awan-awan wes keroso luwe.
Kosok baline luwe yaiku ....
a. Wareg
b. Ngorong
c. Mules
d. Seger

9. Bandhara iku papan panggonan kanggo mandheg ....
a. Kapal
b. Bus
c. Delman
d. Montor mabur

10.
 C UTAWA D SANGAREPE PRATELAN SING BENER Soal UAS Bahasa Jawa Kelas 3 (Tiga) SD Semester 1 ( Ganjil ) Dan Kunci Jawaban
Aksara jawa ing dhuwur iku unine ....
a. Bata lima
b. Kaca rata
c. Kaca mata
d. Mata sapi

11. Panji iku anak sing pembarep
Pembarep iku tegese ....
a. Anak sing keri dewe
b. Anak sing nomer siji
c. Anak sing ganteng dewe
d. Anak sing nomor loro

12. Jalu lan cucuk iku arane gamane kewan ....
a. Sapi
b. Macan
c. Pitik
d. Ula

13. Raden werkudara iku satriiya ing ....
a. Amarta
b. Jodhipati
c. Madukara
d. Plangkawati

14. Jamus kalimasada iku gamane Prabu ....
a. Kresna
b. Janaka
c. Puntadewa
d. Werkudara

15. Layangan iku digawe saka piranti ing ngisor iki, kajaba ....
a. Kertas
b. Bolah
c. Kaca
d. Pring

Wacanen cerita ing ngisor iki kanthi teliti! 

Pandhawa sing nomer telu yaiku Raden Arjuna. Raden Arjuna iku putrane Prabu Pandhu Dewanata lan Dewi Kunthi. Kakange Raden Arjuna sing nomer siji yaiku Raden Puntadewa. Nomer loro yaiku Raden Werkudara. Raden Puntadewa lan Raden Werkudara iku tunggal bapa lan ibu. Lan Arjuna uga nduwe adi, adine ana loro yaiku Raden Nakula lan Raden Sadewa. Raden Nakula lan Raden Sadewa iku tunggal bapa nanging beda ibu.

16. Raden Arjuna iku dadi .... pandhawa.
a. Kakange
b. Pembarepe
c. Panengahe
d. Wuragil

17. Adhine Raden Arjuna yaiku ....
a. Puntadewa
b. Werkudara
c. Pandhu Dewanata
d. Nakula lan Sadewa

18. Bapake Raden Arjuna yaiku ....
a. Kunthi
b. Werkudara
c. Pandhu Dewanata
d. Puntadewa

19.
 C UTAWA D SANGAREPE PRATELAN SING BENER Soal UAS Bahasa Jawa Kelas 3 (Tiga) SD Semester 1 ( Ganjil ) Dan Kunci Jawaban

Aksara Jawa ing dhuwur iku unine ....
a. Padha maca
b. Kaca mata
c. Kaya raya
d. Maca buku

20.
 C UTAWA D SANGAREPE PRATELAN SING BENER Soal UAS Bahasa Jawa Kelas 3 (Tiga) SD Semester 1 ( Ganjil ) Dan Kunci Jawaban
Gambar wayang ing dhuwur yaiku ....
a. Prabu Kresna
b. Prabu Gatotkaca
c. Prabu Basukarna
d. Prabu Janaka

21. Ukara ing ngisor iki sing kalebu ikara tanduk yaiku ....
a. Rudi mangan sega
b. Sepedane disilih Reza
c. Peleme dipangan Andi
d. Santi ditelpon ibune

22. Bocah sing ora tahu gelem sinau iku diarani ....
a. Loma
b. Gemi
c. Kesed
d. Sregeps

23. Bocah grapyak yaiku bocah sing gelem ....
a. Sregep sinau
b. kancane
c. Aruh-aruh marang sapa bae
d. Manut karo dawuhe wong tuwa lorone

24. Putri lagi mangan gedhang goreng
Ukara ing dhuwur iku yen didadeke ukara tanggap dadi ....
a. Putri lagi dipangan gedhang goreng
b. Gedhang goreng lagi dipangan Putri
c. Gedhang goreng lagi mangan Putri
d. Putri lagi nggoreng gedhang sing arep dipangan

25. Anak loro wadon kabeh diarani ....
a. Sendang kapit pancuran
b. Pancuran kapit sendang
c. Kembang sepasang
d. Ontang-anting

Jika ingin mendownload soal ini, berikut linknya :

Jika ingin mengerjakan soal pilihan gandanya secara online dengan langsung ternilai secara online, silahkan dicoba :

B. ISINANA CECAK-CECAK ING NGISOR IKI KANTHI WANGSULAN KANG BENER!

1. Piranti kanggo nyidhuk sega yaiku ....
2. Wong sing mimpin tetandingan olahraga iku diarani ....
3. Papan kanggo mandheg sepur iku diarani ....
4. Kebo, kidang lan wedhus iku nduwe gaman sing padha yaiku ....
5. Raden Arjuna iku satriya ing ....
6. Arimbi iku garwane Raden ....
7. Raden Werkudara iku satriya kang gagah ....
8. Kendang, gong, bonang lan saron iku arane ....
9. Bocah sing ngati-ngati migunakake dhuwit sing diduweni diarani ....
10. Anak siji lanang diarani ...

C. ISINANA CECAK-CECAK ING NGISOR IKI KANTHI WANGSULAN KANG BENER!

1. Tulisana tembung ing ngisor iki nganggo krama alus!
a. Budhe lagi adus
b. Bapak lunga pasar
c. Bu guru numpak bus
wangsulan : ............................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................

2. Apa tegese tembung ing ngisor iki!
a. Garasi
b. Terminal
c. Alun-alun
Wangsulan : ............................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................

3. Aranana gamane kewan ing ngisor iki!
a. Macan
b. Yuyu
c. Ula
d. Tawon
e. Lele

4. Owahana ukara ing ngisor iki dadi ukara tanggap!
a. Sinta numpak pit
b. Ibu lagi nggodhong tela
c. Bagas lagi nandur wit pelem
Wangsulan : ............................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................

5. Owahana aksara Jawa ing ngisor iki dadi ukara latin!
 C UTAWA D SANGAREPE PRATELAN SING BENER Soal UAS Bahasa Jawa Kelas 3 (Tiga) SD Semester 1 ( Ganjil ) Dan Kunci Jawaban

Wangsulan : ............................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................

Jika ingin mendownload soal ini, berikut linknya :

Jika ingin mengerjakan soal pilihan gandanya secara online dengan langsung ternilai secara online, silahkan dicoba :

KUNCI JAWABAN SOAL ULANGAN AKHIR SEMESTER 1
BAHASA JAWA KELAS 3 SD

A. JAWABAN

1. a. Jujur
2. c. Kenapa bocah-bocah seneng bal-balan ana ing lapangan?
3. b. Ibu tumbas roti
4. c. Kapur
5. d. Sregep
6. d. Pasar
7. d. Susah
8. a. Wareg
9. d. Montor mabur
10. c. Kaca mata
11. b. Anak sing nomer siji
12. c. Pitik
13. b. Jodhipati
14. c. Puntadewa
15. c. Kaca
16. c. Panengahe
17. d. Nakula lan Sadewa
18. c. Pandhu Dewanata
19. a. Padha maca
20. a. Prabu Kresna
21. a. Rudi mangan sega
22. c. Kesed
23. c. Aruh-aruh marang sapa bae
24. b. Gedhang goreng lagi dipangan Putri
25. c. Kembang sepasang

B. JAWABAN

1. Enthong
2. Wasit
3. Stasiun
4. Sungu
5. Madukara
6. Werkudara
7. Prakasa
8. Gamelan
9. Gemi
10. Ontang-anting

C. JAWABAN

1. Tulisana tembung ing ngisor iki nganggo krama alus!
a. Budhe lagi adus = Budhe nembe siram
b. Bapak lunga pasar = Bapak tindak pasar
c. Bu guru numpak bus = Bu guru nitih busd

2. Apa tegese tembung ing ngisor iki!
a. Garasi yaiku papan panggonan kanggo nyimpen kendaraan
b. Terminal yaiku papan panggonan kanggo mandhege bis
c. Alun-alun yaiku plataran sing amba ana ing satehgahe kutha

3. Aranana gamane kewan ing ngisor iki!
a. Macan = Kuku, siung
b. Yuyu = Capit / cupit
c. Ula = Wisa
d. Tawon   = Entup
e. Lele = Patil

4. Owahana ukara ing ngisor iki dadi ukara tanggap!
a. Sinta numpak pit  = Pit ditumpaki Sinta
b. Ibu lagi nggodhong tela = Tela lagi digodog Ibu
c. Bagas lagi nandur wit pelem = Wit pelem lagi ditandur Bagas

5. a. Nata bata
b. Raja kaya
c. Ana baya

Belum ada Komentar untuk "Soal UAS Bahasa Jawa Kelas 3 (Tiga) SD Semester 1 ( Ganjil ) Dan Kunci Jawaban"

Posting Komentar

Iklan Atas Artikel

Iklan Tengah Artikel 1

Iklan Tengah Artikel 2

Iklan Bawah Artikel